Entri Populer

Rabu, 27 April 2011

Jangkeping Katresnan


     Mitra . . . 
Sak liyane nggurit aku uga asring nulis cerita cekak, malah  wis kapacak ing Panyebar Semangat barang .Kaya cerita cekak asesirah "Jangkeping Katresnan " dhek tanggal 29 Maret 2008 wis kasil kapacak ing edisi 13 . Kareben pamaos kang durung nate maos iki coba  dak angkat maneh ing media iki.    



 "JANGKEPING KATRESNAN"
                                                             
    I
SIH ESUK  wong wadon  sing rambute  wis putih kaya kapuk lan digelung kuwi wis lungo. Mlakune ora patia jejeg.   Sikile rada diseret, mlaku  lon-lonan karo nggendong buntelan cilik nganggo slendang kang wis mblawus . Mlaku ngukuri dalan sapecak mbaka sapecak nuju panggonane mangkal. Umur-umurane udakara seket limanan, nanging amarga dipangan panandang mula katon luwih tuwa saka umurane.  Saben dina gawene mecaki dalan saka panggonane turu kang mung linambaran kardus ing pojok ngisore kreteg wesi kang manglung ing sandhuwure  kali Banjir Kanal Timur tumuju panggonane nyambut gawe.
Klambi bayake wis kebak tambalan, semono uga kaine kucel.  Nanging senajan mengkono isih katon resik. Mbok Welas , mengkono ngakune ,jeneng asline Sri Welasti, pendhak ndina mangkal ing ngisor jembatan penyebrangan dalan Majapahit  kang padet . Dheweke lungguh lemekan koran bekas karo nyanding tempolong cilik bekas roti kang wis rada neyeng. Kanthi panyawang aclum kebak panandang, nyawangi   wong –wong kang pating sliwer ning ngarepe. Sabar, ngenteni sedekahe wong kang rumongso welas banjur nyemplungake duwik klitik ing polonge. Yen ana pawongan kang nyemplungake recehan, gita-gita swarane  kang lumer gumrenggeng  ngaturke panuwun lan pandonga.   “ Matur nuwun ,nggih Mas . . . .  Mugi  Gusti nambah rejeki ndika langkung kathah , nggih …”

Wus  meh puluhan  tahun panyandang iki  dilakoni. Mbiyene mono Mbok Welas kepetung wong cukup senajan dadi randha anak siji. Nalika semana ,dhek tahun wolung puluhan bandha tinggalane sing lanang cukupan. Ana omah cilik lan tegalan kang bisa digarap kanggo nguripi dheweke karo anake. Banjur anake lanang  rekane mono ngulandara golek gaweyan nyang Jakarta. Nanging mbuh kena apa anake ora nate bali lan ora nate menehi kabar, dadine terus kelangan lacak. Genep rong tahunan anake lanang lungo , omah lan tegalane ing daerah Jatingaleh kena arad-aradan . Kena masterplan pengembangan jalan tol. Saka kedadean kuwi  garise nasib Mbok Welas dadi tambah surem. Mbuh , diapusi apa kepriye Mbok Welas ora ngerti ,amarga cubluke  lan uga ora ana sedulur sing ngreka dayakake dadine Mbok Welas mung oleh ganti rugi rong atus sekut ewu. Ah, …  memelas banget ,ya lelakone wong cilik iku. Wis bodho gampang diapusi, emane kok ya ana wae wong kang tegel nglakoni.
Duwik semono kanggone Mbok Welas mung bisa kanggo kontrak kamar lan dienggo nyambung urip sarana  bakulan.panganan mateng. Panguripan kutha kang keras ,ndadekake dilema kanggone dheweke. Amarga sasuwene iki Mbok Welas dicetak dadi tani utun kang ngertine mung tegalan ,tanduran lan sato khewane. Ora nganti genep setahun Mbok Welas wis ora duwe apa-apa . Apa maneh kanggo ngontrak kamar ?
Urip ijen lan kerase panguripan sing dilakoni ndadekake ragane dadi tambah tuwa. Dheweke rumongso wis ora nduweni sapa-sapa maneh  kang bisa diajak caturan utawa mbat-mbatan samangsa ngadhepi sanggane uripe. Dheweke ngenes mikir panguripane kang dadi tambah rekasa. Wiwit kuwi Mbok welas urip saparan-paran. Udan panas wis dadi sandangane.
 Ing wengi-wengi kang dawa ,campur nyamuk-nyamuk kang kekiter golek mangsa, mripat kuyu nyawang iline banyu kali Banjir Kanal kang kumelap oyak-oyakan . Mak nyut .. . .?!. Pikirane kelingan anake lanang kang ora karuan papan dununge.Rasa kangen marang anake mrambat ing pojok ati. Ati tuwa  tambah sansaya ngrantes, temlawung lan rinujid rujid. Ati tuwa kekejer  tanpa swara. Mung luh kang dleweran ing pipine kang wis kisut  iku sing tansah setya tuhu ngancani ing kasangsarane . Tangane pijer srikutan ngusapi luh kang ora bisa dibendung.  Brool ..  .. !! Banyu bening kuwi mili kaya dene iline kali Banjir Kanal kang lagi banjir . Ambrol  njebolake bendungan saka tuke . Yen wis mengkono biasane mung rasa pasrahe kang bisa ngeyem-ngeyemke pikir. Sumarah . Pasrah.  Sumarah  marang Kang Gawe Urip. Pasrah marang Kang Gawe Lelakon. Suwe . . . mripat kuwi nyawang ilining banyu .Dheweke ambegan landhung, nalikane sakeclapan mrentul ing pamikire.
“Ah . . . , mbok menawa Karsa, nate nggoleki aku, nanging amarga panggonan tinuju  wis  ora ana ,amarga kahanan , mula ora bisa ketemu”. Atine dadi  nyicil ayem. Rumangsa ora dilirwakake anake lanang. Mung panyuwune ing saben tarikan nafase marang Kang Akarya Jagad lan Kang Andum Rahmat  muga-muga anake ora nyandang panandang kaya simboke.


***


Mudhun saka angkot ing prapatan sacedhake jembatan penyebrangan Majapahit Aris nuntun anake wadon ,Sukma kang isih sekolah TK. Anake ngajak mlaku –mlaku menyang mall, amarga ketarik critane kanca-kancane kang lunga mrana, pamer. Jare  yen ing mall ana “Arena Bermain”, ing kana bisa dolanan apa bae. Mula Minggu esuk iki niyate mono arep nyeneng-nyenengake anake wadon . Netepi kepinginane anake wadon.
Nalika wis cedhak sak ngisore jembatan penyebrangan, Sukma narik-narik tangane bapake, kaya –kaya ana sing arep dikandhakake. Aris ndingkluk nyawang anake wadon .
“ Pak . . . , “ omonge. “ mBahe kuwi mesakake , ya Pak ?!”  kandhane karo nudingi Mbok tuwa kang ngglesot ing ngisor jembatan. Aris manthuk ,karo nyawang anake .
 “Nyuwun duwite ,ya Pak. “panjaluke. Aris ngerti apa sing dikarepake anake terus ngrogoh duwit sewu rupiah ing kathoke clana, banjur diwenehake Sukma. Tekan ing ngarepe si Mbok tuwa mau Sukma mandheg ,terus  ndodhok .
 “mBah, iki lho Mbah . . . nggo tuku es, ya …mbah” duwite diulungake marang wong tuwa iku. Duwite ora dicemplungake polong kaya liyane nanging ditampakake tangane Mbah tuwa mau. Karo nampani duwit sing diwenehake, Mbah tuwa kuwi nyawang Sukma . Terus mesem sepa .
mBok menawa lagi kuwi lambe tuwa bisa mesem, sak wise puluhan tahun wis lali carane mesem. Senajan esem kang tawa. Esem kebak rasa kangen. Esem kebak sewu pengarepan. Esem kebak sewu panandang.
 “Matur nuwun ,ya Nok. Matur nuwun. Duh, Gusti  . .. muga-muga mbesuk dadia bocah kang ayu lan  pinter,ya Nok ,Ya …?!”   Gregel . .. ., atine Aris krasa sumedhot mrangguli kahanan mau.

Aris dheleg-dheleg, tansah katon-katonen gegambaran praupan-praupan kang nuduhake refleksi dua wajah kang kaya bumi karo langit .Antarane esem saka praupan kang tulus ora nduweni beban apa-apa ,sing sijine esem   saka praupan kang kesel  nyandang kacintrakan.. Wewayangane anake kang mesem kanthi tulus ngesok rasa welas ,sing sijine esem kebak panarima sing adoh saka pangarepan, tansah ngegla.  Dheweke dadi kelingan jaman cilikane kang wis ora nate kambon katresnane ibu. Uripe digedhekake ing swasana “single parent” ,amarga ibune tilar donya kena lelara nalikane dheweke umur telung tahunan.  Bapake ora kersa krama maneh , ngendikane biyen isih kelingan ibu terus. Kahanan iku kanggone Aris rumongso ana kang gothang ing panguripane.
“Paak . . .  wong –wong kuwi mesakake ya ,pak. Mosok dha digiring numpak truk” kandhane anakku nalikane ing berita TV  ana gropyokan para pengamen lan tunawisma.
 “Arep dikapakake wong-wong kuwi ,ya Pak ?” 
“ Oh , kuwi . Ya dikumpulake, njur dilatih ketrampilan ben mengko bisa kerja liyane. Ana uga sing dibalekake nyang kampung asale maneh “ sumaurku njelasake. Saka wangsulanku mau ,aku dadi mikir .
“ Njur arep kerja apa, ya .  . .?” Data statistik dhek tahun 2006 bae  ngandarake yen warga miskin jumlahe ngancik 39,30 juta. Kuwi sing miskin. Apa data kuwi wis kalebu kelompok tuna wisma barang ? Aku ra ngerti.  Yen ngelingi jumlah semono kehe tak bayangake uga pira jumlahe pengangguran sing nyata lan pira jumlahe pengangguran terselubung ? Kepriye panguripane para tunawisma sing dibalekake nyang kampunge? Arep mapan nyang endi ? Yen isih duwe papan ora masalah. Lha yen wis ora nduweni apa-apa ? Apa malah ora dadi mindah masalah.
Aku dhewe tahu krungu ana kelompok LSM kang didanai Dinas Sosial ngumpulake anak anak jalanan ,njur dilatih ketrampilan . Nanging ketuntasane ora ana data statistik kang nuduhake berhasil apa orane. Yen bener-bener dileksanakna ya apik-apik bae, bisa ngurangi pengangguran. Lha nek mung dianggo kudhung  supaya bisa entuk kucuran dana ,kepriye ?
Apa maneh akhir-akhir iki ing berita ngabarake yen Pemda DKI nerapake aturan sing sapa menehi duwik marang tunawisma utawa “anak jalanan “ kang dianggep ngganggu ketertiban umum bakal didenda . Banjur kepriye yen kabeh Pemda melu-melu nerapake aturan kaya mengkono. Apa ya klakon pasal 34 UUD 1945  fakir miskin lan anak kelantar dadi tanggungane negara dihapus ? Lha ,wong –wong miskin lan yatim piatu sapa sing arep  nanggung ?

Padahal manut dhawuhe Gusti Allah kang kasebut ing ayat-ayate Qur’an unine jelas
“ Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake.  Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya. Lan yen ana wong jejaluk aja sira tulak “ . Pranatan saka Allah iki apa ora tabrakan karo perdane Pemda DKI ?
Ngelingi iku ,ora rinasa banyu bening sing ora nate netes amarga wis kasatan, bali tumetes maneh. Aris kelingan Mbok Welas sing butuh kawelasan . Aris mbayangake yen dheweke ke garuk kaya berita TV iku mau. Kaya ngapa bingunge ? Yen bener kedadean iku, dheweke rumangsa dosa gedhe. Apa maneh ngelingi saikine kahanan uripe wis malih. Uripe wis tumata, senajan durung bisa diarani adus bandha. Dheweke rumangsa cukup. Dheweke rumangsa nate ngalami urip rekasa  mengkono. Apa maneh yen ngelingi anake ora tahu ngerti kepriye rasane oleh katresnane simbah.
 Kaya-kaya crita “katresnane simbah” kuwi mung ana ing angen-angen. Amarga aku lan sisihanku wis dadi bocah yatim piatu. Sisihanku mono alumni saka Panti asuhan, kang uga adoh saka ambune katresnane bapa biyung. Ora ngerti rasane ditresnani wong tuwa . Ora ngerti endahing katresnane kaluarga. Mula nalika dak critani kedadean wingi kae bojoku ya rumangsa kamiwelasen.
Ing pojoke ati, atine  lan atiku  mletik geni cilik sak konang gedhene . Geni kang mblerengi. Geni cilik kang sunare madhangi jagad padha karo sunare sang bagaskara. Sunar kang gawe papadhang. Sunar kang bisa nguripi. Sunar kang bisa ngangetake swasana. Sunar kang dumadi saka cahya pancawarna, abang, ijo, kuning , putih lan ireng.


***

Nalikane srengenge  wis ngangetake hawa adem ing parak esuk, 
 “Mbah . . .!? niki pripun  carane nalenine sepatu . . .?”  celathune Sukma marang Mbahe. Mbok Welas marani putune . Putune diakon lungguh kursi ,Mbahe karo ndodok ngajari putune carane naleni sepatune , dibolan-baleni. Diudhari ditalekake diudhari ditalekake nganti putune bisa naleni sepatune dhewe.
“ Horee . . .!!! Aku isa naleni sepatu” sorake Sukma seneng karo mlayu nuduhake hasile olehe naleni sepatu marang ibune. Mbok Welas mesem kalegan, nyawang putune kang bungah. Ibune uga mesem ,
” Anakku wedok wis mundhak pinter  ,ya . . . ?! “ omonge karo ndodok ,ngrangkul Sukma. Pipine kang wis wangi  merga wedhak diambungi kiwa tengen  , terus tangane ngelus –elus rambute anake wadon. Sukma bali mlayu marani Mbahe terus ngrangkul sikile.  Marem. Kaya kaya arep ngucapake panuwun amarga wis diajari. Dheweke rumangsa “Pede”, percaya diri ,dene wis bisa mrantasi dhewe.
 Aris rumangsa mongkog nemoni owah-owahan ing panguripan omahe sing mundhak dina mundhak tambah katon sari. Ubaling geni sih katresnan undhel-undhelan , ngrembuyung kaya sepasang wit ringin kurung ing ngarep kraton Ngayogjakarta. Rasa gothang sing dirasa Aris wis krasa ganep. Ibune Sukma rumangsa nduweni wong tuwa kang bisa dibekteni .Sukma rumangsa nduweni sih katresnane simbah. Mbok Welas wis bisa bali mesem ngguyu kanti tulus . Dheweke rumongso nemokake gunung emas , bisa ketemu “anake lanang”.
                                                                                             


1 komentar: