Alhamdulillah ,wis setahun lawase olehku ngantu-antu kumpulan cerkakku, “Katresnan Rinonce” iki bisa diterbitake, apa kang dadi gegayuhanku pepunthone bisa kaleksanan. Katur panuwun kang gedhe dak tujokake marang penerbit Green Media Semarang kang wis gelem nyengkuyung marang sedyaku lan ndhadha sarta ngreksa bisaa sastra jawa bali kuncara . Kabeh mau mung saderma mujudake rasa tresnaku marang kabudayan jawa kang saya suwe saya kasisih. Kanthi muncule buku iki bisaa tambah ngregengake lan gawe rasa tresnane para mudha marang sastrajawa.
Buku iki kacetak mawa kertas HVS kanthi ukuran saku 11,5 x 18 Cm kandel 105 halaman, ngemot 9 (sanga) crita cekak kang pinilih. Buku iki bisa kapundhut kanthi rega miring cukup ngganti ongkos cetak Rp.11.000,- (sewelas ewu rupiah),kapundhut ana ing toko –toko buku ing wilayah Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Jogjakarta. Dene para sutresna kang cumondhok ing liya wilayah sak Nuswantara ora perlu was sumelang panjenengan bisa pesen marang alamat email m4.adipr@gmail.com . Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar