Entri Populer

Kamis, 12 Mei 2011

SETETES BANYU ING MANGSA KETIGA

Mitra  . . .
Mbok menawa panjenengan  uga rumangsa eman banget yen tha nganti karya panjenengan mung dadi barang tumpukan lan ora ana kang nate ngerteni utawa maos . Luwih-luwih karya iku wus nate ngangkat asma panjenengan  diakoni lan dibiji yen tha panjenengan kalebu ing kelompoke panganggit sastra jawa. Sanajan karya iku durung nate dipentasake nanging kanggoku wus nate ngukir yen tha sejatine aku uga mampu nganggit naskah sandiwara. Naskah sandiwara iki naskah sepisanan kang  nate dak tulis. Ya amarga ditantang kanca rowang , " Kang  . . . ,wani ora njenengan ngeloni lomba nulis naskah sandiwara iki ?"  Aku rumangsa bingung amarga durung nate nulis sing jenengane naskah sandiwara. Mula aku mung bisa meneng. Pitakonane kadangku kuwi ndadekake pikiran. "Ah . . . , jajal dak cobane " pangudarasaku.
Aku ora ngira naskah iki bisa kababar lan bisa onjo lan bisa ngrengkuh dadi juwara loro ing penulisan naskah sandiwara basa jawa dhek tahun 2008 . 
Eh . . . mbok menawa ana kadang kang mbutuhake naskah sandiwara ,sak ora-orane naskah sandiwara iki bisa kanggo pertimbangan.





SETETES  BANYU ING MANGSA KETIGA

Babak 1

S
ANDIwara iki diwiwiti kanthi swarane gending lelagon campur sarinan “Perahu Layar”. Ing sangisore wit ing pinggir dalan,  Ningsih  lungguhan nunggu dasaran dagangane  , rujak, pecel  lan es campur kang kari sethitik. Sinambi nunggu dasarane tangane nyekeli buku Kimia kang sedhela-sedhela diwolak- walik, dibolan-baleni. Mbok menawa durung mudheng marang apa kang diwaca.
 ( Bocah lanang ngganggo seragam sekolah nyaruk-nyaruk  mlaku , sajake   rada salid, sedhela-sedhela ngelus gorokane . Ngerti ana bakul es terus mara. Bareng cedhak dheweke  rada gumun, karo  nyedhaki bakul es )
PARTO           :  Lho,  Ning. Ngapa ing kene ?    (  Omong karo linggih dingklik)
NINGSIH       :  Oh … kowe ,Par . Ya ,ngene iki sambenku padinane. Sadurunge
budhal  sekolah eker-eker dhisik golek upa ,ngrewangi simbok. (Rada kaget karo mesem  lan isin). Kadingaren liwat kene.
 Lha, geneya kowe isih esuk kok wis budhal sekolah ?
PARTO           :  Aku arep nyang nggone Joko dhisik njaluk wuruk Fisika , dheweke
                           kan jagone Fisika ?  Lho. .  . endi esku ? Kok ora didoli ki piye?
                           Salid banget aku ?! ( Tangane karo nyaut gorengan ing ngarepe)
                           Mbokmu nyang endi ? Kok kowe sing dodolan. Apa kowe ra
                           sekolah ? (Pitakone kaya sepur ora ana selane)
NINGSIH       :  (  Ngguyu tanpa swara )
                           Kowe iki Par . . Par. Takon mbok siji-siji ora kaya mitraliur . Dar. .
                           Dar...dar!! Yen ngene iki sing arep dak jawab dhisik sing endi, jal ?!
                            Aku ‘kan ,ya bingung  . . .(tangane karo sat set ngedoli es campur )
PARTO           :  (Ngguyu ngakak )  Terserah  arep mbok jawab sing endi dhisik, sak 
                           karepmu-lah. Wong aku mung asal mangap , bae.
NINGSIH       :  Nyoh . . . iki ese. (tangane karo ngulungake gelas isi es)
PARTO           :  (Nampani gelase njur diombe ) Achhh . . . .hh.  seger tenan.
                           Ya ngene iki kenikmatan saka Gusti kang kudu disyukuri. Bisa
                           nyegerke awak kabeh. Gurunge seger, mripate  ya seger.
NINGSIH       :  Maksudmu  ?
PARTO           :  Lha, kepriye ora seger ,Ning.   Gurungku wis garing mlaku adoh
                           kana adoh kene. Tekan kene leren ngombe banyu es, apa ora seger ?
                           Kok ndelalah bakule uga seger  Mripatku kan dadi sumringah .
                           Ya apa ora ?
NINGSIH       :  Ah , dapurmu kuwi  ,Par. Bocah celelekan kok ora mari-mari.
                           ( Banjur meneng . Tangane uwak –uwik buku kimia  ing pangkone)
PARTO           :  Lho . . . pitakonku kok ora mbok jawab ,Ning ?
NINGSIH       :  ( Karo unjal ambegan , sirahe gedheg kaya-kaya arep  mbuang
                           pikiran kang tumlawung)
                           Par . . .  kowe ‘kan ngerti dhewe kahananku. (omonge karo tumung-
                           kul )  Bapakku wis mati nalikane aku isih klas siji SMP, lha mbokku
                           kan dadi buruh  ing kayu lapis.
                           Setengah pitu esuk mbokku wis budhal kerja ,baline mengko jam
                           papat sore, tekan omah ya jam limanan. Mulane yen esuk sak
                           durunge budhal sekolah aku dodolan ngene iki. Menawa turah
                           dianggo lawuhan dhewe. Ya, alhamdulillah bisa kanggo  tuku buku,
                           mbayar ujian lan kanggo cekelan barang . Njur, geneya kowe kok
                           mlaku barang ?   Biasane kan nunggang motor
 PARTO          :  (Rada kaget krungu kandhane kancane mau, mula kanggo ngilangi
                           rasa trenyuhe  banjur ndagel)
                           Aku lagi tirakat kok, Ning. (pasang rupa memelas)
                           Kathik ora tirakat kepriye ,  motorku dina iki lagi disilih paklikku.
                           Dadine  kepeksa aku mlaku.
NINGSIH       :  Uu . . uh  , omongmu Par. Ngono bae dianggep tirakat. Njur Aku
                           buyute tirakat . (wong loro ngguyu)
PARTO           :  Wah , panase jiaa . . an tenan !! Isih jam sepuluhan rasane wis kaya
                           jam rolas awan. Mbiyen jam semene iki durung patia panas, lho.
                           ( Tangane karo kipas –kipas nganggo buku kang dijupuk saka tase)
                           (Meneng sedhela)  
NINGSIH       :  Akhir – akhir iki pancen tambah panas hawane. Kon, ora panas
                           kepriye ? Lha, alas gunung kidul kono sing mbiyen ora bisa disasak
                           saikine wis padhang njinglang. ( Tangane karo nudingi gunung ing
                           sisih kidul kang katon)
                           Ya ,kuwi woh- wohane reformasi sing ora “terkendali”.  Wong cilik
                           nganti panguasa dha rebutan bandha negara. Sing bisa dibabat ya
                           langsung diembat. Ya , oknum-oknum kang golek “kesempatan
                           dalam kesempitan” iki kudune sing tanggung jawab.
                           (ngomong ngono karo gethem-gethem amarga mung bisa  
                           ngrasakake kapitunane)
PARTO           :  Lho . .lho . .. Ning, omongmu kok nylekit temen .
                           Yen ana kadhal liwat bisa dirangket kowe mengko.
                           Wong saikine godhong garing bisa tata jalma, pang garing bisa
                           gawe paeka. Bisa-bisa dianggep pitnah.
                           ( omong ngono tangane karo  tudang tuding nudingi kadhal kang
                           lagi liwat golek pangan ,godhong lan pang garing  kang lagi gigal
                           saka wite)
NINGSIH       :  Ah , mbuh ra idhep. Fakta ing lapangan sing crita. (lambene menjab
                            -menjeb amarga rumongso disrekali)
                          Jajal , saikine yen udan deres terus banjir, tanahe dha longsor sing
                           disalahake sapa ? Rakyat  ‘kan ?! .  
                           Rakyat sing manggon daerah kono .  Jare ora bisa njaga lingkungan.
                           Pemerintah sing saiki ya kena awu angete dianggep ora becus
                             “mengendalikan , mengantisipasi bencana alam” .
                           Padahal kedadean saiki iki kelakon amarga “efek” saka kedadean
                           sak durunge. Tenane mono yen gelem jujur sing  salah iki kita
                           dhewe. Nanging ya kuwi wis langka wong kang gelem ndhadha
                           kaluputane, sing akeh mono dha golek “wedhus ireng”
PARTO           :  Mengko dhisik ,Ning . Sing mbok maksud “wedhus ireng” iku apa ?
                           (tangane sraweyan kaya-kaya arep ngendheg omongane Ningsih)
NINGSIH       :  (Ngguyu kekel)
                           Jiaa . .an tenan, kok. Kowe kok ora main tha ,Par. ..
                           Sing dak karepke “wedhus ireng “ iku “kambing hitam “, jelas . .  !?
PARTO           :  (Bareng krungu istilahe melu ngguyu)
                          Woo . . .  Istilahmu kok trampilmen . Ana wedhus ireng , ana ora
                           main , njur apa maneh ?
                           Pancen ,dak akoni kowe sak liyane pinter ing pelajaran uga pinter
                           micara. Laras banget . Kabeh sarwa manis
NINGSIH       :  Wis  . . . wis  . Ora usah nggombal isih esuk iki. (rada klincutan)
PARTO           :  (Sajak katon serius)  
                           Lho,  tenan kok Ning.  Apa sing dak omongke iki pancen bener.
                           Coba aku dak takon , kanca-kanca yen ngomong  Ningsih iku
                           ngemut madu, apa omongku kliru ? Jawaben.
NINGSIH       :  Ah . . . mbuh . . . mbuh .      
                            (mlayu marani Parto karo nggebuki pundhake nganggo buku sing
                           dicekel, seneng-seneng isin)
PARTO           :  Terus . . . Ning . Sing ping pindho kowe iku yen ngomong ceplas
                           ceplos.  Manis isi mahoni . . !!   Ya ora ?!
                            (ngguyu ngakak karo ngadeg)
NINGSIH       :  Wis. . .  wis . kowe ndang lunga kana .
                           ( Tangane nyurung – nyurung Parto akon lunga, senajan sumengit
                           nanging atine kebak pengarep)
PARTO           :  Eh . .  Ning  . Aku durung mbayar.
                           ( tangane ndudut dompet saka kantong sake clana).
NINGSIH       :  Ora usah mbayar barang. Duwitmu ora marakake sugih, ngerti ?
                           (menjab-menjeb, pundhake melu obah kabeh)
PARTO           :  Yen ngono matur nuwun. Suk emben dak mampir maneh ,ya wong
                           manis ?!.
                           (mbungkukke geger karo tangane tengen nempel ing dhadha njur
                           diangsurke mengarep kaya ing drama turgi ngono kae)
NINGSIH       :  Ora usah mampir barang. Anggepen sodaqoh kanggo wong edan.
                           Dasar bocah ora nggenah .
                           ( Tangane karo nulak nanging lambene katon  mesem ,bareng ora
                           kuwat nahan geli nyawang polahe kancane dheweke dadi  ngguyu
                            kekel. Kembang- kembang ing pojok taman padha rebut mekar
                           nyebar wewangi.  Kombang kang siningit wiwit kekiter ing
                           kluwunging ati )
(Ningsih bali linggih dingklik karo mesam –mesem tangane pijer dolanan buku ing pangkone. Saka kadohan keprungu suara radio kang ngungkung ngumandangake  lagu  “ Kau  Seputih Melati” . Kaya –kaya lagu iku nyemoni apa kang dirasa).
Layar ditutup.


Babak II

Ing ruang Bimbingan Konseling Pak Irfan lagi lungguh karo nyawang kertas cathetan muride kang ndaftarake testing dadi calon  mahasiswa baru ing perguruan tinggi negeri ing Semarang.
Bathuke njengkerut . Sedhela-sedhela  sirahe gedheg-gedheg. Gumun . Ora percaya. Nanging pancen mengkono. Alon-alon gegere disendhekake ing sendhenan kursine. Mripate nrawang adoh . Atine rumangsa trenyuh.
(Keprungu suara lawang dithothok).
PAK IRFAN  :  Mlebu. (Lungguhe ditata ,ethok – ethok maca)
 (Lawang dibukak katon bocah wadon loro. Uluk salam bareng)
NINGSIH       :  Nuwun ,Pak.
INTAN           :  Nuwun ,Pak
PAK IRFAN  :  Oh, kowe Ningsih ,Intan .Kene mlebua.
(Kanthi isyarat tangan Ningsih karo Intan diakon lungguh ing kursi ngarep mejane)
NINGSIH       :  Sanjangipun Intan kula dipun timbali ,Pak ? (mapan lungguh)
PAK IRFAN  :  Ya. Aku ana perlu sethithik karo kowe . Dina iki kan wis
                           pengumuman kelulusan .Kowe lulus ,tha.?
NINGSIH       :  (manthuk)
PAK IRFAN  : Selamat.ya.
NINGSIH       :  (manthuk  terus  tumungkul) Matur nuwun ,Pak.
PAK IRFAN  :  Matur nuwun ya ,Intan  wis gelem nyampeake pesenku marang
                           Ningsih.
INTAN           :  Dhawah sami-sami ,Pak.
PAK IRFAN  :  Ningsih, terus mengkone rencanamu kepriye?
                           (Noleh marang Ningsih)
NINGSIH       :  ( Meneng sedhela . Sak durunge njawab ambegan landhung)
                           Mboten mangertos ,Pak. Inggih, kemungkinan  pados pedamelan .
                           (Terus ndingkluk).
PAK IRFAN  :  Lho, apa ora eman-eman ,Ning. Kowe iki bocah pinter. Nyatane
                           hasile ujian kowe iku nilaine paling dhuwur sak sekolahan ,
                           “peringkat siji”, lho.  Kok ora nerusake  iki kepriye ? Coba ,tha
                           dipikirke maneh. Nyuwuna pertimbangan wong tuwamu.
NINGSIH       :  (Alon ndengengek nyawang Pak Irfan kanthi sorot mripat luruh)
                           Bapak ,panjenengan tamtunipun sampun pirsa kawontenan kula,
                           kaluarga kula. Panjenengan dados wali kelas kula wiwit kula kelas
                           kalih ngantos kula lulus ujian punika.
                           Kula saget lulus SMA kemawon sampun alhamdulillah, Pak.
                           Sak upami sekolah mboten paring bea siswa saben wulanipun  ,
                           mbok bilih kula sampun mothol wiwit kelas setunggal .
                           Rumiyin ,rikala kelas setunggal wonten ing semester pertama
                           kemawon SPP-nipun asring nunggak .Wekdal punika kula sampun
                           mboten gadah pangajeng-ajeng saget nerasaken sekolah .
                           Rahayunipun sekolah sampun kersa paring dana arupi bebas SPP
                           saben enem wulan. Inggih, saking pitulungan punika ,kula nggadahi
                           semangat nuntasaken ngantos dumugi kelas tiga .
                           Ngemuti kawontenan punika pramila  kula mboten wantun
                           nggadhahi pangimpen ingkang sundhul ngawiyat.
                            (Mripate wiwit kekembeng waspa).
PAK IRFAN  :  Ah . . . .  (Narik nafas dawa banget. Meneng, ora bisa ngomong)
(Ningsih ndingkluk kaya reca, ing pojok mripate tumetes waspa, tangis tanpa swara . Intan melu ndingkluk rumangsa trenyuh . Pak Irfan ora bisa kumecap ,sumedhot atine ngelingi kahanane murid kinasihe kang wis kelangan kuwanen mecaki panguripane. Alon-alonan Pak Irfan lungguh sumendhe ing kursine. Mripate tansah nyawang Ningsih. Pipine sang kinasih wis teles merga banyu bening kang ngetuk saka tuke)
PAK IRFAN  : Hm . . . hm   (Dhehem . Mecah tintrime swasana)
                           (Ningsih , Intan meh bebarengan ndengengek )
                           Ningsih . . .,  ya gene semangatmu kang mawalikan kaya ubale
                           kawah gunung Merapi kang tansah jumeglur kuwi bisa sirep ?
                           Ya, gene kuwanenmu kang kaya bledheg jumedher kaya arep
                           mbengkahake gunung bisa tidhem permanem? Geneya , Ning . . . ?!
                           Apa kowe wis lali marang caramu kang bisa mrantasi permasalahan
                           ekonomimu sak lawase iki? Coba critakna maneh kepriye caramu
                           nangani reribet  kang mbok sandhang .
NINGSIH       :  (Dielingake marang  lelakone mbiyen atine gumregah, eluhe banjur
                           dilapi nganggo tangane ,lungguhe digawe jejeg. Atine dadi teteg)
                           Rumiyin rikala kula kelas setunggal semester setunggal, asring
                           Bapak timbali amargi telat ,dereng saget mbayar SPP. Kula lingsem
                           ,Pak. Pramila kula lajeng bebakulan sadean es lan pecel, dumugi sak
                           mangke. Kula rumaos langkung ringan malih nalika sekolah paring
                           dana arupi bebas SPP amargi keleresan wekdal punika pikantuk
                           peringkat setunggal. Ngoyak supados pikantuk bebas SPP punika
                           ingkang damel kula semangat badhe nuntasaken sekolah.
PAK IRFAN  :  Nha . . .kuwi anakku tenan !!.
                           (Tangane ditepukake, awake disorongake maju mengarep.
                           Mripate sumorot kebak pengarep)
                           Kowe wis ngerti tha, Ningsih maknane .Yakuwi ikhtiar.
                           Ikh . .ti…ar . . !!
                           Semono uga kowe Intan, rungokna . Manungsa kudu tansah ikhtiar.
(Ningsih kaya ginugah amarga kinunjara ing kahanan uripe. Katon saka sorot mripate kang wis ora tumlawung maneh. Kanthi premati Ningsih ngrungokake apa kang lagi dingendikake Pak Irfan. Intan manthug-manthug ngrumangsani bener kabeh apa kang dingendikake Pak Irfan)
                          Gusti Allah wis ngendika ing kitabe . Allah ora arep ngowahi nasibe
                           sawijinging kaum yen ,tha kaum iku dhewe ora gelem ikhtiar.(leren
                           sedhela . bali ngematake Ningsih lan Intan genti-genten)
                           Ning . . ., sejatine Gusti ora maringi pacoban marang umate kanthi
                           pacoban kang umate ora sanggup nyangga pacoban mau.
                           Lan satemene sawuse nglakoni rekasa mesthi nemoni gampang.
                           Kuwi pancen nyata ,sawuse nglakoni rekasa mesthi nemoni
                           gampang.
                           Kowe wis ngalami kuwi kabeh, Ning.  Kowe wis ngliwati pacoban
                           –pacoban mau. Ya gene kowe kelangan tekenmu ?!
                           Ya gene kowe kelangan semangatmu kang wis suwe mbok regem
                            kenceng ing tanganmu ?!
                           (Tangane tengen  karo nggegem kenceng, supaya nggugah
                           semangate Ningsih )
                           Apa bedane kahananmu saiki karo kahananmu sing wis kawuri ?
                           (Meneng. Ningsih disawang kanthi tajem kareben rumasuk apa sing
   dingendikaake )
NINGSIH       :  Matur nuwun ,Pak Irfan. Panjenengan sampun kersa paring sesorah
                           dhumateng kula. Sak mangke kula rumaos nggadhahi semangat
                           malih kangge mecaki gesang kula . Kula rumaos panjenengan
                           pompa  kuwanen kula. Kados –kados panjenengan Bapa kula
                           ingkang ngeja wantah. Ingkang rinten dalu tansah kula kapangi ,
                           raos asihing Bapa ingkang mentog wonten ing pangangen .
(Meneng sedhela. Ningsih unjal napas landhung. Pak Irfan sabar nunggu Ningsih ngesokake  rasa pangrasane. Intan ngowoh / ndlongop  ngerteni kahanane kanca karibe )
                           Sak derengipun punika ,Pak. Kula rumaos sampun cuthel panjangka
                           kula ,sesarengan kalian pengumuman kelulusan. Amargi namung
                           mligi dumugi saget nuntasaken sekolah kemawon ingkang dados
                           pangajeng-ajeng kula . Sak sampunipun lulus kedah kados pundi
                           kula dereng nggadahi wewangenan. Kosong . . .  (Meneng.  Tintrim)
                           Kula kados baita ingkang kompal - kampul wonten tengahing
                           samudra. Baita ingkang  mboten nggadahi kompas, ingkang  tansah
                           ngeli amargi kabuncang  ombak  lan prahara.
                           Kula remen sanget saget lulus. Kula bersyukur dhumateng Allah,
                           ingkang  sampun paring rahmat lan sih kawelasan..
                           Namung ,sesarengan raos bingah ingkang kula sandhang , kula ugi
                           rumaos kebanting  wonten ing kasunyatan gesang kula.
                           Kula rumaos alit manah, Pak..Mireng rencang –rencang sami
                           ngrancang  lan ngrenda gesangipun kanthi agenge manah sarta
                           agenge sedya . Lha, sareng kula . . .?!  Kula kedah nyulami rasukan
                           ingkang rowak –rawek , sageda mboten nglegena wonten ing
                           pasamuan. Adhedhasar kawontenan kala wau punapa kula saget
                           kumawantun  ngronce gegayuhan  ndherek sinau wonten ing
                           pawiyatan luhur ?  Pramila , Bapak . . . kula mboten wantun
                           ndhadha pitakenan Pak Irfan . Kula sampun ngrumaosi bilih
                           pangilon kula remeng- remeng. (Leren sedhela, unjal ambegan)
                           Jujur kemawon Bapak, wonten thelenge maneh panci ugi wonten
                           sak pletik pangajeng sinau wonten pawiyatan luhur. Namung
                           pangajeng kalawau sampun kula kipataken tebih-tebih ing benawi.
                           Langkung-langkung kula ngelingi adi kula kalih ingkang ugi
                           mbetahaken wragat kangge sekolah.
(Ningsih rumangsa lega bisa ngutahke kabeh kang digembol . Intan wis wiwit mau netesake luhe. Pak Irfan kumembeng waspa sumedhot atine ngerteni abote panyandhang kang nembe disandhang murid kinasihe. Murid  kang tansah didadekake tepa palupi marang murid –murid liyane ).
PAK IRFAN  :  (Lungguh sumendhen kursi, tangane ngelus –elus jenggot tipis kang
                           tumempel ing  janggute)
                           Ya . . . aku ngerti abote rasamu , Ning. Aku ora ngira menawa kowe
                           nduweni pamikir kang semono adohe.  Kaya-kaya pamikirmu kuwi
                           mlesat ngluwihi umurmu.
                           Ya ,mung siji kang tansah kudu mbok eling -eling ing sak dawane
                           dalan kang mbok tepaki . (Tangane diacungake mengarep)
                           Manungsa kudu tansah ikhtiar yen kepengin uripe owah . Sak liyane
                           iku uga kudu tansah caket marang Kang Agawe Urip . Saranane  ya
                           kanthi linambaran tekun niti bundhelane tasbih .
                           Tekad lan karep kudu tansah manunggal ing karsa. Manther kaya
                           sada lanang. Tan kengguh ing samubarang panggodha.
                           Sumarah marang apa kang dadi kersane Kang  Ngosikake Jagad.
                           (Meneng. Nyawang  Ningsih kebak asih  )
                           Mengkene,Ning . . .(Tangane mbukak laci meja terus  njupuk kertas
                           ing njerone).
                           Iki kowe dak wenehi blangko formulir pendaftaran calon mahasiswa
                           baru. Ya mung iki sing bisa dak wenehake kowe .   Minangka                      kenang-kenanganku marang kowe, muridku kang paling kinasih
                           ing sak dawane aku nggula wentah bocah-bocah ing sekolah kene.
                            (Tangane ngulungake kertas formulir marang Ningsih)
NINGSIH       :  (Kertas formulir ditampa)
                           Maksudipun kadospundi ,Pak …?( Bingung lan ora mudheng  ,karo
                           nyawang  Pak Irfan kanthi sorot mripat kebak tandha pitakon)
PAK IRFAN  :  Formulir iku isenana lan komplitana syarat-syarate. Yen wis
                           komplit pasrahna aku maneh .Banjur mbesuk wektune tes kowe
                           melua. Syukur bage kowe bisa mrojol selaning  garu.
(Ningsih isih bingung. Dheweke nyawang kertas formulire genti nyawang Pak Irfan. Mengkono bola-bali. Pak Irfan mesem nyawang sak paripolahe Ningsih. Intan kang ngerteni kancane sing isih  bingung lan ora mudheng  nyoba njelasake)
INTAN           :  Ngene lho, Ning . . . Pak Irfan mundhutke formulir kanggo kowe.
                           Supaya kowe bisa melu tes pendadaran calon mahasiswa.
                           Mula formulir kuwi isenana  lan dikompliti persyaratane. Banjur
                           aturna maneh marang Pak Irfan. Mbesuk wayahe tes kari melu .
                           Ngono bae. Malah kebeneran banget ,Ning. . . Aku ana kancane.
                           Mengko budhale bareng aku. Wis pokoke perkara transport beres.
                           Kowe kari budhal.    Piye . . . ?!
NINGSIH       :  ( Nyawang Intan nalika karibe lagi ngomong)
                           Lajeng . . . mangke kadospundi .. . ?! (Karo nyawang Pak Irfan.
                           Maneka warna emosi tumplek blek dadi siji. Gamang  marang
                           gumelare lelakon , wedi ngadhepi kanyatan mengkone, seneng
                           oleh pengarep kang ora diimpekake.
                          Kabeh sarwa mbingungake  ,ing atine kebak tandha pitakon kang
                           ora genah, dheweke ora ngerti apa kang kudu ditepaki ).
PAK IRFAN  :  Nah. . . Intan wis mecahke siji masalahmu. Bab mengko kepriye ?
                           Ora usah dipikir. Sing ana saiki lakonana .Aku percaya marang
                           kowe yen  masalah sing bakal mbok adhepi  ,kowe bisa mrantasi.
                           Kabeh gumantung marang kowe. Aku mung dhapur menehi umpan
                           lan pancing.
                           Wis  cukup , dak tunggu berkasmu paling telat telung ndina maneh.
                           (Karo ngadeg kaya –kaya  menehi isyarat kabeh wis tuntas).
                           Ing latar mburi ngumandhang lagune Ada Band kang melankolis 
                            “Yang Terbaik Bagimu “.
NINGSIH       :  Matur nuwun ,Pak (nyalami, terus astane Pak Irfan diambung)
                           Matur nuwun ya ,Intan (ngrangkul karibe kenceng mripate
                           kekembeng luh))
INTAN           :  Padha-padha ,Ning. (tangane ngepuk-epuk pundhake Ningsih)
(Bocah loro metu saka ruangan runtung-runtung. Pak Irfan bali lugguh maneh, lambene mesam-mesem. Marem. Dheweke wis rumangsa bisa pasang kala. Ngala semangate Ningsih. Kareben Ningsih  nduweni kuwanen kanggo ngowahi uripe kanthi nepaki dalan kang rumpil lan kebak eri bebandhotan.)
 Layar ditutup
                                                           
                                                            ***

             Ing kamare kang kosong ora ana barang liyane kejaba lemari tua, amben kang dianggo turu karo adine, Ningsih lungguhan amben nyekeli formulire . Praupane nuduhake rasa seneng kang ora bisa digambarake. Sedhela-sedhela mesem, banjur unjal ambegan ,tangane digegem kenceng. Terus mlaku  ora genah  arahe, kadangkala maju, menggok, terus mbalik dadagan. Pikirane nrawang adoh. Pikirane tansah  pencolotan kaya maneka warna cahya kang jejogedan ing latar mburi panggung. Ningsih bali lungguh amben ,let sawetara dheweke  glethakan ing amben,  formulire isih dicekeli ing sisihe. Ngenam pikir.  Mripate ngetung langit-langit kang kebak sawang . Langit wewayangan kang durung genah watese. Ora rinasa dheweke keturon.
(Ing sak dawane episode iki ngumandhang lagune KLA Project “ Negeri Di Awan” nganti tuntas).
Layar ditutup.


Babak III
Episode iki diwiwiti kanthi latar mburi  ing pertokoan / mall  kang lagi reja. ( sarana gambar gerak / slide ) Wanita kang feminin nganggo sepatu hak dhuwur mlaku anggun ing sadawane lurung toko. Sirahe asring mengo ngiwa nengen kaya ana kang lagi digoleki ing njerone etalase sak dawane toko kang diliwati. Saka ngarep wis wiwit saka kadohan ana priyayi putri siji kira-kira umur-umurane sak barakane kang tansah ngematake .Sakwise cedhak
IDA                 :  Ningsih  . . . ?!  (Mandheg, nyegat lakune wanita kang ngganggo
                           sepatu hak dhuwur)
NINGSIH       :  Inggih . . . ( Mandheg . Gumun, karo nyawang wong kang
                           ngundang)  Ida  . . !?  Bener sliramu Ida . . .?
(Mripate sumunar , nggambarake rasa seneng atine. Priyayi kuwi mesem, banjur gapyuk .Wong loro rerangkulan. Ngesun pipi tengen ,pipi kiwa. Rangkulan maneh ,nganti suwe. Kaya-kaya lelorone lagi ngesok sakabehe rasa kangene. Tangane padha ngepuk-epuk gegere .)       
NINGSIH       :  Ah  . . . , wis suwe awake dhewe ora ketemu ,ya Da  . .?!
                            (karo ngluwari rangkulane)
IDA                 :  Ya , Ning . Wis rolas tahun kita pisahan. Wiwit lebar lulus SMA
                           mbiyen kae. Putrane pira .. .  ? (Tangane nyekel  tangane Ningsih)
NINGSIH       :  Loro, Da. Sliramu pira putrane  . .?
IDA                 :  Aku lagi siji kok ,Ning. Lha, iki sliramu arep golek apa ?
NINGSIH       :  Nggolekake kaos kakine anakku , njaluke sing aneh -aneh. Yen ora
                           cocok ora gelem. Sliramu  saiki ana ngendi ?
IDA                 :  Ing Solo. Iki harak dolan nyang  daleme mbakyuku ing Semarang.
                           Terus rekane mlaku-mlaku. Aku ing Solo wiwit lulus SMA biyen
                           kae .Karepe mono kepingin ing Semarang bae ,nanging Gusti
                           ngersakake beda . Kebeneran ketampa ing Solo ,ya nganti omah –
                           omah iki. 
                           Eh, Ning . . . sliramu tambah ayu tur manii... sss banget ,lho.
                           Aku pangling. Tenan  !
NINGSIH       :  Oh, iya . . . tha.?!  Matur nuwun  (pasang ulat kemayu, terus karo
                           tangane loro nyekel pipine Ida)
IDA                 :  (Mesem)  Kabare kanca-kanca kepriye  . . ?  Genge awake dhewe
                            biyen kepriye ?
NINGSIH       :  Kanca-kanca apik.
IDA                 :  Saiki aku wis ora nate bali ndesa maneh amarga ing kana  wis ora
                           ana kaluargaku. Kabeh wis pindhah.
NINGSIH       :  Mulane , kanca-kanca padha kelangan lacak.
                           Kanca-kanca  sing dak ngerteni kabeh padha apik. Intan saikine wis
                           diwengku pengusaha emas, sekolahe pedhot ndalan.  Si Anik kae
                           saiki wis dadi pengusaha beras kang sukses. Si Bandhot kae ha
                           mbok kaya ngono saikine wis dadi dokter lho, . .Da.  .
IDA                 : Ah  . . Bandhot dadi dokter  . . ?!(ora percaya) Tenan  kuwi ,Ning!?
NINGSIH       :  Tenan ,tha ya . . .                 
IDA                 :  Ora ngira ,lho . . . Bandhot kok bisa dadi dokter.
                           Jebule kanca-kanca wis padha sukses ya . .?! Lha,  . .  njur kuwi
                           Parto ?  Parto piye  . . .? Parto ?
NINGSIH       :  (Ngguyu. Ngguyu marang Ida lan uga ngguyu marang awake
                           dhewe. Dheweke kelingan marang pria kang nate mlebu ing ati  )
                           Isih kangen ,tha ?
IDA                 :  Ning, sliramu kuwi , lho .. . kaya ora ngerti bae.
                           (Tangane  nggeblok alon gegere Ningsih)
                           Sapa wonge sing bisa nglalekake cinta pertamane.
                           Apa maneh kaya aku ,Ning ? Keplok tangan siji. Uuu.. uh sakite
                           sampai dibawa mati pokoke.
NINGSIH       :  Yak !! Iku  kan biyen .  Ya, ngono iku sing diarani story dadi
                           history.
                            (Tangane karo ngrangkul   pundhake Ida)
                           Ngertia Da . . Partamu  kae . . . saiki wis dadi pengacara sukses ing
                           Kendari.
IDA                 :  Ah, ya . . . Pancen cocok karo lageyane kang seneng nyrekal . Mbuh
                           bener mbuh salah kabeh disrekal. Omong sak omong njaluke
                           menang.    Eh,iya Ning . . Aku malah lali , njur. . . .
                           Pak Irfanmu  kepriye kabare . .?
NINGSIH       :  (Pasang ulat sedih)  Yakuwi … Ida. Salah sijine sing paling dak
                           getuni.  Nalikane aku isih kuliah udakara rong tahunan kae aku isih
                           asring kepethuk Panjenengane. Apa awakmu wis ngerti yen
                           sekolahe awake dhewe wis pindhah panggonan ?
IDA                 : (Manthuk alon karo nyawang Ningsih, gumun. )
NINGSIH       :  Nanging sliramu ora ngerti ,tha? Bareng karo boyonge sekolah kae ,
                           Pak Irfan uga boyong ,wis ora dadi guru ing kana maneh.
IDA                 :  Hei !!  Apa iya . . .?  (Ora percaya. Tangane kiwa nyekeli
                           pundhake Ningsih)
NINGSIH       :  Ngastane pindhah.   Panjenengane pindhah menyang ngendi ? 
                           Aku ora ngerti. Wiwit kuwi  aku rumangsa kelangan lacak.
                           Aku rumangsa kelangan Bapak.
                           (Mripate kekembeng luh).
                           Durung suwe iki aku lan sisihanku nate nglari papane  ,amarga
                           sisihanku dhewe kepingin ngerti. Kepengin wanuh kaya ngapa
                           priyayine kang asma Pak Irfan iku.
                           Aku kasil nglari. Nanging mung oleh pawarta kang nyedihake.  
                           Panjenengane wis seda rong tahun kepungkur ana ing kutha Kudus.
                            (Luhe wiwit netes)
IDA                 :  Inna lillahi wa Inna ilaihi rojiun                  
NINGSIH       :  Da . . .,kaya-kaya Gusti Allah ora ngersakake umate kang apik lahir
                           batine kudu suwe- suwe urip ing alam ndonya kang kebak maksiat.
.IDA                :  Pancen kok, Ning. Wong yen apik sering kapundhut luwih dhisik.
                           Kae gambarane pring sak dapur. Pring kang lurus mesthine bakal
                           dikethok luwih dhisik. Lha sing bengkok-bengkok ditokake bae.
                           Ya ,tha  . . .?
NINGSIH       :  (Manthuk)
                           Aku rumangsa kelangan ,Da. . .  Sapa wonge kang ora gela . . .?!
                           Aku ngrumangsani durung bisa males apa kang nate diwenehake
               marang awakku.Nalika semana uripku kaya ing mangsa ketiga dawa
               Aku ngelak. Aku salid . Ndadak Pak Irfan rawuh ngasta banyu
                           setetes kanggo ngilangi rasa salidku.
                           Banyu setetes kang wis bisa gawe urip lan nguripi. Setetes banyu
                           kang wis bisa ngowahi jantraning uripku. Ngowahi uripku kang
                           kekudhung bathok kelapa dadi kekudhung langit kang kebak
                           lintang-lintang .
                           Ah . . . muga-muga bae Panjenengane tansah pikantuk rahmate  
                           Allah kang tansah lumintu saka dharmane nalika sugenge.
IDA                 :  Amin.
NINGSIH       :  Gedhe banget jasane Pak Irfan marang aku.
                           Ida, aku bisa dadi uwong iki ya amarga saka Panjenengane . Intan
                           sing paling ngerti , amarga dheweke kang dadi saksi urip marang
                           dharma becike Pak Irfan nalika sugenge.
                           Amarga saka formulir paringane, aku bisa kuliah. Kuliahku gratis ,
                           mung semester sepisan aku mbayar SPP. Om lan pakdheku kang
                           nyengkuyung.
                           Aku kuliah kaya aku nalika sekolah SMA .Replay .Persis padha.
                           Kaya- kaya kabeh ngendikane Pak Irfan  bali maujud.
IDA                 :  Ya, pancen Gusti Allah yen ngersakake samubarang mesthi dadine.
                           Garising uripmu tansah linambaran kabejan. Mbok menawa ya saka
                           anggonmu olehe adreng tirakat ,nyuwun pitulungan lan rahmat,
                           sarta ikhtiar kuwi kang bisa ngowahi uripmu.
NINGSIH       : Eh,  aku kok dadi nglantur . Ayo ,Da  bebarengan golek kebutuhan-
                           ku lan kebutuhanmu. Banjur sliramu dak sandhera kudu mampir
                           nyang omahku. Mesisan wis tekan Semarang, ora mampir ya
                           kebangeten.
Wong loro reruntungan mlebu metu toko karo ngobrol ngalor ngidul.
Layar ditutup.
PARIPURNA.
                                                                                                   Semarang, April 2008                      .

Lampiran Syair Lagu :
Kau seputih melati
Kau bunga ditamanku
di lubuk hati ini
mekar dan kian mewangi
melati pujaan hati
      Reff:          Bersemilah sepanjang hari
                        mewarnai hidupku agar dapat kusadari hadirmu bagiku
                        kau melati putih bersih
                        kau  tumbuh diantara belukar berduri

                        Seakan tak peduli lagi
                        meski dalam hidupku kau hanya memberi
                        Kau tetap harum sebagai tanda cinta
                        yang telah kau hayati di sepanjang waktu   



Yang Terbaik Bagimu
Teringat masa kecilku kau peluk dan kau manja
Indahnya saat itu buatku melambung
Disisimu terngiang  hangat nafas segar harum tubuhmu
Kaututurkan segala mimpi mimpi serta harapanmu

Kau ingin kumenjadi yang terbaik bagiku  patuhi perintahmu
jauhkan godaan yang mungkin kulakukan
dalam waktuku beranjak dewasa jangan sampai terpaku
terbelenggu jatuh dan terinjak
        
 Reff :              Tuhan tolonglah sampaikan sejuta sayangku untuknya
                        kuterus berjanji tak kan khianati pintanya
                        Ayah dengarlah betapa sesungguhnya kumencitaimu
                        Kan kubuktikan  ku mampu penuhi  maumu

                        Andaikan detik itu kan bergulir kembali
                        Kurindukan  suasana basuh jiwaku
                        Membahagiakan aku   yang haus akan kasih dan sayangmu
                        Kau tunjukan segala sesuatu yang telah terlewati
                       



Negeri Di Awan
Dibayang wajahmu kutemukan kasih nan dulu
Yang lama lelah aku cari di masa lalu
Kau datang padaku kau tawarkan hati nan tulus
Selalu mencoba mengerti
Hasrat dalam diri

Reff:                Kau berikan untukku
                        Sebuah lagu tentang negeri di awan
                        Dimana kedamaian menjadi istananya
                        Dan kini telah kau bawa aku menuju kesana

                        Ooh ,
                        Ternyata hadirmu penuh dengan bahasa kasih
                        Yang terungkapkan dengan pasti
                        Dalam suka dan sedih

                       















Tidak ada komentar:

Posting Komentar