Entri Populer

Rabu, 27 April 2011

Santri


SANTRI


Binalut sarung akudhung  kopiah
Ing lingsir wengi marikelu mlintiri tasbih
Mbarang jantur bebisik
Allah  . . . allah . . .  allah . . .
Dununge santri abot sanggane
Amarga ana kang mastani santri
Iku Sang tri utawa Sun  three werdine
Srengenge telu kang cahyane mblerengake
Sepisan cahyane Muhammad
Ya sumbere panuntun
Ya rama kawruh kang nenuntun
Saka petenge kejahiliahan
Kapindho cahyane ruh suci
Kasarira dening jibril
Kang maqame nggendhong kawruh
Bisaa kawruh kasarira mring sasama
Ndadekake apa kang kinucap
Padha apa kang tinindak
Katelu cahyane Sang Kawruh pribadi
Kang ana tan ana kang nganakake                          
Weruh tan ana kang nuduhake
Ora owah ora gingsir ing kahanan
Cahya tetelu manunggal kasarira ing santri
Lire santri kudu bisa nenuntun ing samubarang tindak
Ora kongas amarga nyekeli kawruh
Ora gumedhe nyarirani dadi cahyane kawruh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar