Entri Populer

Minggu, 24 April 2011

Kaki Langit


“KAKI LANGIT”



Wis dadi kebiasaane para kumpulane wong kang seneng ngudi ing babagan seni padha ngumpul  bebarengan ,kanggo ngatonake yen tha kelompoke nduweni komunitas. Kelompok minoritas kang kepengin bisa eksis .Biasane ora ana undangan ora ana prajanjen ,yen dhong malem Jum’at kelompok iku padha ngumpul ing warung kopi  sak ngisore wit ringin gedhe ing laladan Taman Budaya Sindhen  Sobrah . Ing kono ana kang teka saperlu kepengin ketemu kanca  seni , ana kang mung kepengin  guyon ,ana kang arep ngudi ngasah keprigelan micara nglatih nglemesake ilat sing wong akeh ngarani  adu debat apa adu hebat. Topike macem-macem ngenani bab apa bae kang narik kawigatenane ing wektu iku.
Nanging ana uga  kang lagi bingung amarga stress. Stres kabotan nyangga gejolak jiwane kang murub makantar-kantar kebak ide nanging durung bisa ngesok apa kang kependhem ing jiwane ing media kang dikuwasani, jalaran apa kang dikuwasani durung terasah kanthi mumpuni. Eksistensine durung ana kang gelem ngakoni. Ya sing isih mertanggung ngene iki biasane kawula mudha kang lagi nedheng-nedhenge ngoyak lan njumputi jati dirine kang isih maujud serpihan-serpihan. Kepengine nduweni kebebasan kang tanpa wates. Kebebasan kang ora perlu diatur dening paugeran, mbuh paugeran saka etika social ketimuran apa paugeran saka norma agama lan sak panunggalane. Sing didadekake gendera ya kebebasan mutlak, kaya kebebasane kewan kang ora winates dening aturan. Arep njengking ya njengking, arep mledhing ya mledhing. Arep ngombe ya ngombe ,arep mangan ya mangan ,arep kawin ya kawin tanpa kudu rinakit ing lingkaran perkawinan. Yen bisa sak kabehing paugeran kang ana diwaratake amarga ngungkungi kebebasan sing diduweni manungsa. Mula wis jamak lumrahe yen wong tuwa tansah ngalang-alangi anak –anake njegur ing jagade seni. Ya amarga salah kaprah sing di dadekake gendera ing lingkungan komunitas minoritas iku  mau mbentuk image lan milliu kang abnormal mungguhing tatanan panguripan normal.  Kabeh iku mau kang ndadekake pepalang ing jagade kesenian . Sak kabehing aktifitas seni dadi cupet, amarga saka image lan milliu kang dibentuk saka pokale komunitas iku dhewe. Coba panjenengan pirsani kanthi permana ,pira cacahe kaluarga kang gelem ndukung utawa menehi kalonggaran marang anak-anake bebas ambyur ing jagade seni ?  Kabeh mau amarga feet back kang dibentuk saka komunitas iku dhewe.
Komunitas cilik iki tansah nduweni greget nguri-uri bisaa komunitase ngrembaka . Senajan profesine saka latar belakang seni kang maneka warna  ananging kelompok iku tansah sak yek saeka praya golek eguh pratikel ngrembakane kesenian ing laladan Astina pura . Ana kelompoke panggurit , ana sing spesialisasine nulis cerkak, ana essaiis,  kelompok prosaic ,ana kartunis, ana sing dhemen dadi tukang gambar ,ana sing kagolong anak wayang, ana kang dhemen teater lan sak panunggalane waton kalebu ing jagade seni kabeh nduweni hak melu kumpul ing komunitas iku. Ana uga kang mung ndompleng kareben dianggep kelompok seniman. Kabeh kepengin nyuwarakake apa kang dadi gegayuhane kanthi cara maneka warna. Sing panggurit nyuarake apa sing njerit ing batine mbuh sak muni-munine iku kalebu seni jarene ,mbuh kuwi misuh –misuh ing masalah social utawa nesu amarga kasinggung  pangrasane . Utawa  lagi ngronce impen ing babagan katresnan . Semono uga kang lagi kayungyun ing seni teater padha loap-laop mragaake apa kang tinulis ing skenarione . Kabeh mau sah-sah bae mungguhe wong-wong kang duwe pangimpen sing digantung ing awang-uwung ,amarga sak nyatane pangimpen iku mau sejatine mung suwung. Ana sing ngomong seni sastra kuwi kudu sinerat ,diakoni berkualitas yen wis dimot ing sak jerone mass media . Nanging ana sing ngomong apa yen wis dimot ing media kuwi berkualitas ,mangka bisane dimot amarga nduweni koneksi ing media mau. Mpune sastra jawa , Eyang Saripan ngendika sastra kuwi yen wis sinerat dadi buku lagi diarani sastra ,senajan tha bisane dibendhel dadi buku amarga ongkos dhewe. Banjur apa bedane karo sing asring mbendhel buku stensilan didum rana –rene. Lelandhesan iki mau yen mangkono crita rakyat kang ora nate sinerat kuwi dudu kalebu sastra senajan tha wis bisa   urip langgeng ngubengi jaman  tur ora ana kang mangerteni sapa kang nganggit. Crita rakyat kang akeh ngemot pitutur kang asring dituturake marang bocah –bocah nalikane arep mapan turu ,kaya ta kancil nyolong timun, kancil balapan karo  keyong kuwi dudu sastra kuwi mung crita ngayawara ,apa mangkono ?
Kepriye mungguhing paraga kang ora ngoyak kuncarane asma utawa kumlebate arta nanging tansah gemi lan ngugemi yen barang satindak lan sapecak bisaa gawe mrajake lingkungan amrih dadi kautamane ngagesang sarana nganggit sastra kang beda . Sastra kang momot kaendahan ndonya akhirat kang saora-orane bisa menehi pitutur lan panglipur kaya critane kancil nyolong timun .Bisaa apa kang dadi pangangen kamot  Kaya –kaya sastra kang nuju prana mung bakal dadi semburate warna jingga ing kaki langit ,dadi fata morgana. Amarga sastra kang ngemot pitutur ing bab kautaman  bakal kesandhung kesimpir tan bisa  ngrembaka mrajak kaya manuk jalak kang semanak. Wis jamak lumrahe media ngemot sastra kang  murih gawe kuncara lan ngrembakane media  sak bisa-bisa nyingkiri sastra kang ngemot kesolehan. Sumangga, panjenengan para pamaos olehe ninthingi lang ngonceki sejatine sastra kuwi sing kaya kepriye ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar