Entri Populer

Minggu, 28 Agustus 2011

BUKU KUMPULAN CERKAK



“BUKU KUMPULAN CERKAK BASA JAWA”

  
Alhamdulillah ,wis  setahun lawase olehku ngantu-antu kumpulan cerkakku, “Katresnan Rinonce” iki  bisa diterbitake, apa kang dadi gegayuhanku pepunthone bisa kaleksanan. Katur panuwun kang gedhe dak tujokake marang penerbit Green Media Semarang kang wis gelem nyengkuyung marang sedyaku lan ndhadha sarta ngreksa bisaa sastra jawa bali kuncara . Kabeh mau mung saderma mujudake rasa tresnaku marang kabudayan jawa kang saya suwe saya kasisih. Kanthi muncule buku iki bisaa tambah  ngregengake lan gawe rasa tresnane para mudha marang sastrajawa.


Buku iki kacetak mawa kertas HVS kanthi ukuran saku 11,5 x 18 Cm kandel 105 halaman, ngemot 9 (sanga) crita cekak kang pinilih.  Buku iki bisa kapundhut kanthi rega miring cukup ngganti ongkos cetak Rp.11.000,- (sewelas ewu rupiah),kapundhut  ana ing toko –toko buku  ing  wilayah Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Jogjakarta. Dene para sutresna kang cumondhok ing liya wilayah sak Nuswantara ora perlu was sumelang panjenengan bisa  pesen marang alamat email m4.adipr@gmail.com . Nuwun.